Selasa, 21 Februari 2012

Jamu Gendong 6 - Jamu Sinom



PULIH MARI BALI WUTUH PURNA WALUYA JATI

Jamu Sinom
Jamu Sinom yaiku salah sawijining jamu gendong kang digawe saka sinom atawa godhong asem kang enom. Jamu iki rasané asem tinuli ségér. Sesegeran kanggo ngilangké paité jamu pahitan iki kelebu jamu gendong . saliyané jamu sinom, ana jamu beras kencur, jamu kunir asem, jamu cabe puyang, jamu pahitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu uyup-uyup atawa gepyokan. Sinom iku kalebu ombè-ombènan obat tradisional Jawa kang turun-temurun saka jaman Majapahit .

Bahan-bahané Jamu Sinom
Bahan-bahan kanggo gawe Jamu kang seger iki yaiku godhong asem kang enom. Ananging para pedagang jamu luwih sering anggawe jamu iki ora beda adoh saka jamu kunir asem.. Bahan-bahan kanggo nggawe jamu iki padha kaya-kaya anggawe jamu kunir asem ananging nganggo bahan utama sinom (godhong asem enom ) nuli ditambah sithik kunir perlu ditambah maneh karo temulawak, wiji kedawung, lan banyu jeruk nipis. Kanggo pemanis, bisa ditambahi gula pasir utawi pemanis buatan lan bisa ditambahi karo uyah, tapi luwih mantep menawa ditambah gula jawa kanggo pemanise 

Kasiaté Jamu Sinom
Jamu sinom iki anduweni piguna liyané kayata :
  • ngobati sariawan
  • nyegeraké awak
  • ngerampingké awak
  • ngelancaraké haid
  • nyuburke kandungan
  • nambani weteng mules
  • Adem-ademan.

Racikan Jamu Sinom

Kasiat Bahané
nyegerké awak kunir, asém kawak, gula
Sariawan temulawak, kunir, godhong asem enom (sinom), asém kawak, jeruk nipis
Adem-ademan, sariawan kunir, asém kawak, jeruk nipis
Seger-segeran kunir, asém kawak
Ombèn-ombèn seger kunir sithik wae, asém kawak, gula abang
Panas dalam kunir, asém kawak, gula abang (gula aren), jeruk nipis
Nyuburké kandungan, sesegeran kunir, asém, gula abang (gula aren), godhong asem enom (sinom)
Adem-ademan, sariawan kunir, godhong asem enom (sinom), asem, jeruk nipis, gula
Séger-ségeran godhong asem enom (sinom), jeruk nipis, gula abang atawa putih, kunir, asem
Nyegerké awak kunir, gula , asem kawak, gula abang (gula aren) atawa putih
Ngademké weteng kunir, asém, gula abang atawa putih



Carané Gawe Jamu Sinom
Cara anggawe jamu iki yaiku:
  • Bahan-bahan kang wis cumepak ditumbuk kasar nganggo lumpang karo alu wesi atawa watu (kunir mau wis dirajangi sakdurunge)
  • digodog nganti umob.
  • banyu godogan disaring lan ditambah uyah, gula sak selerané.
  • godogkan mau dienengke nganti adem, sakwise kuwi disaring nganggo saringan.



Jamu Sinom
Manfaat, bahan penyusun, serta cara pembuatan jamu sinom tidak banyak berbeda dengan jamu kunir asam. Perbedaan hanya terletak pada tambahan bahan sinom. Bahkan, beberapa penjual tidak menambahkan sinom, tetapi dengan cara mengencerkan jamu kunir asam dengan mengurangi jumlah bahan baku yang selanjutnya ditambahkan gula secukupnya.


Resep Minuman – Sinom

Bahan Minuman Sinom :
Daun asam muda ( sinom ) 50 gram
Kunyit 25 gram, iris tipis, sangrai sebentar
Asam jawa tanpa biji, 25 gram atau 75 ml air jeruk nipis
Air matang 100 ml
Gula jawa atau gula pasir 100 gram
Daun pandan 2 lembar
Air 1 liter

Cara membuat Minuman Sinom :
  • Campur daun asam, kunyit, asam jawa dan 100 ml air matang. Haluskan dengan blender.
  • Didihkan 1 liter air bersama gula dan daun pandan hingga gula larut.
  • Campurkan rebusan air gula dengan campuran asam kunyit, aduk rata dan saring.
  • Sajikan dingin.

Untuk 5 – 6 gelas

Tips :
Bila belum menghendaki segala jenis minuman ini, sebaiknya simpan saja dalam lemari pendingin terlebih dahulu




>>> Daftar Jamu Godog Kendhil Kencana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar