Rabu, 22 Februari 2012

Jamu Gendong 13 - Jamu Uyup-uyup (Gepyokan)



PULIH MARI BALI WUTUH PURNA WALUYA JATI
Jamu Uyup-uyup (Gepyokan)
Uyup-uyup utawa Gepyokan kuwi salah sawijiné ombè-ombènan obat herbal kang digawe saka tandhuran empon ,jamu kang kagunaané kanggo ningkataké produksi ASI (Air Susu Ibu) iki,uga bisa kanggo ngilangké mambu awak kang kurang sedep, lan 'ngademké' weteng (ngobati weteng mules lan nek). Ana ing masyarakat, uyup-uyupan atawa gepyokan kuwi kalebu jamu gendong, saliyané uyup-uyupan macemé jamu genhong ana jamu kunir asem, jamu sinom, jamu cabe puyang, jamu pahitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu beras kencur. Jamu uyup-uyup iku kalebu ombèn-ombèn obat tradisional Jawa kang uwis ana ket jaman biyen, racikané diturun-temurunké saka jaman Majapahit lan nganti saiki isih diuri-uri,nuli dilestarikaké dadi salah sijining kasil saka kabudayan Jawa.

Bahan-bahané Jamu Uyup-uyup/Gepyokan

Bahan-bahan kang utama saka jamu iki yaiku empon-empon (macem-maceming bumbu masak), kayata:
  • kencur
  • jaé
  • bangle
  • laos
  • kunir
  • temulawak
  • puyang lan
  • temugiring
Khasiaté Jamu Uyup-uyup/Gepyokan

Jamu uyup-uyup iki andhuweni khasiat kang apik marang awak, kayata:
Ningkataké produksi ASI (Air Susu Ibu) kanggo ibu-ibu kang esih nyusuni
Ngurangi mambu awak (kringet) kang kurang sedep (kena kanggo ibu atawa anaké)
Uyup-uyup bisa kanggo tamban weteng sebah
Ngademke awak kang benter


Racikan Jamu Uyup-uyup/Gepyokan

Kasiat Bahané
Ngelancarké ASI beluntas, asém, temulawak, godhong katu, gula
Ngelancarké ASI empon-empon komplit (kencur, jaé, bangle, temugiring, kunir, temulawak),beluntas, temulawak, suruh, godhong katu, gula, asem, jeruk nipis
Ngelancarké ASI bluntas, asém, jeruk nipis, krokot, lampes, temulawak, puyang, gula
Ngelancarké ASI empon-empon komplit (kencur, jaé, bangle, temugiring, kunir, temulawak),bluntas, sembukan, jambu
Ngelancarké ASI kunir, bluntas, asem, jeruk nipis, beras, gula abang (gula aren)
Ngelancarké ASI kunir, puyang, godhong kates, temu ireng, sembukan. jambu, jarak
Ngelancarké ASI empon-empon komplit (kencur, jaé, bangle, temugiring, kunir, temulawak), godhong katu, landhep , asém, lampes, gula
Ngelancarké ASI kunir, asém kawak, gula abang (gula aren), beluntas, simbukan, kedawung
Ngelancarké ASI, ngademké awak godhong asem, jeruk nipis, gula abang (gula aren) atawa putih, kunir, asem
Ngelancarké ASI, ngilangké mambu awak kunir, bluntas, beras, gula abang (gula aren), asem

Cara Gawe Jamu Uyup-uyup/Gepyokan

Carané gawe jamu uyup-uyup atawa gepyokan yaiku [4]:
  • Bahan-bahan kang uwis ana dikumbah kanti resik (ora usah dionceki)
  • Empon-empon mau dirajangi ditambah bahan tambahan liyan lan digecek kasar
  • Gecekan mau diperes sarta disaring nganggo kain
  • Enengké sadelak, nganti adem tinuli dicampur karo banyu kang adem

Jamu Uyup-uyup/Gepyokan
Jamu uyup-uyup atau gepyokan adalah jamu yang digunakan untuk meningkatkan produksi air susu ibu pada ibu yang sedang menyusui. Hanya seorang penjual jamu yang mengatakan bahwa ada khasiat lain, yaitu untuk menghilangkan bau badan yang kurang sedap, baik pada ibu maupun anak dan 'mendinginkan' perut.

Bahan baku jamu uyup-uyup sangat bervariasi antar pembuat jamu, namun pada umumnya selalu menggunakan bahan empon-empon yang terdiri dari kencur, jahe, bangle, laos, kunir, temulawak, puyang, dan temugiring. Cara pengolahan pada umumnya tidak jauh berbeda antar penjual jamu, yaitu semua bahan dicuci bersih tanpa dikupas, selanjutnya empon-empon dirajang (diiris tipis) ditambah bahan-bahan lain dan ditumbuk kasar, lalu diperas serta disaring. Perasan dimasukkan ke dalam air matang yang sudah dingin. Selanjutnya ditambahkan gula (atau pemanis buatan) sampai diperoleh rasa manis sesuai selera (dicicipi). Ramuan selanjutnya dimasukkan ke dalam botol-botol dan siap untuk diperjual belikan.

Jamu Uyup-uyup atau Gepyokan
Jamu uyup-uyup, atau dikenal juga dengan sebutan gepyokan adalah jamu yang digunakan untuk meningkatkan produksi air susu ibu pada ibu yang sedang menyusui. Selain itu, jamu ini juga berkhasiat untuk menghilangkan bau badan yang kurang sedap baik pada ibu maupun anak, dan untuk mendinginkan perut. Bahan baku jamu uyup-uyup umumnya menggunakan bahan empon-empon yang terdiri dari kencur, jahe, bangle, laos, kunir, temulawak, puyang, dan temugiring. 

Cara pengolahan untuk membuat jamu uyup-uyup adalah semua bahan dicuci bersih tanpa dikupas, selanjutnya empon-empon dirajang atau diiris tipis-tipis dan ditambah bahan-bahan lain lalu ditumbuk secara kasar. Hasil tumbukan kemudian diperas dan disaring. Perasan dimasukkan ke dalam air matang yang sudah dingin. Selanjutnya ditambahkan gula sampai diperoleh rasa manis sesuai selera dengan cara dicicipi. Jamu siap diminum. 


>>> Daftar Jamu Godog Kendhil Kencana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar