Selasa, 21 Februari 2012

Jamu Gendong 7 - Jamu Cabe Lempuyang



PULIH MARI BALI WUTUH PURNA WALUYA JATI

Jamu Cabé Lempuyang
Jamu cabé lempuyang utawa Cabé puyang kuwi salah sawijiné jamu kang kondhang ing masyarakat Jawa,jamu iki ngobati pegel linu uga bisa ngilangaké cikalen, pegel lan linu-linu ning awak, kelebu rasa pegel ning boyok. Jamu iki kelebu jamu gendong. saliyane cabé puyang macemé jamu gendhong liyané ana jamu kunir asem, jamu sinom, jamu beras kencur, jamu pahitan, jamu kunci suruh, jamu kudu laos lan jamu uyup-uyup atawa gepyokan. Cabé puyang iku kalebu ombèn-ombèn obat tradisional Jawa kang uwis ana ket jaman biyen, racikané diturun-temurunké saka jaman Majapait lan nganti saiki isih diuri-uri, nuli dilestarikaké lan dadi salahsijining kasil saka kabudayaan Jawa.

Kasiaté jamu cabé puyang
Jamu cabé puyang iki anduweni kasiat kang apik kanggo awak antarané kayata:
bisa ngilangaké rasa pegel-pegel lan rasa gringgingen
bisa didadikaké obat awak panas atawa benter
obat mbobot (meteng tua)
uga bisa kanggo ngobati struk


Racikan Jamu Cabé Puyang

pegel cabé, puyang, asém kawak, kudu, adas, gula
sikil kesel cikalen cabé , puyang, asem, gula
pegel, linu cabé, asém, puyang, gula
cikalen cabé, puyang, jaé, merica, kunci
pegel, linu cabé, puyang, kedawung, gula, asém kawak
kesemutan cabé, asém, puyang, gula
pegel, adem panas cabé, puyang, kunir, temu ireng, temulawak
pegel-pegel, (ampase jamu iki bisa didadikake ‘bobok’) cabé, puyang, Jaé, kunir, adas pulosari
pegel-pegel cabé, puyang, merica, gula abang utawa gula putih, empon-empon
pegel-pegel kedawung, keningar, cabé, kunir, Jaé
pegel-pegel, nyehatke awak cabé, kedawung, puyang, gula abang, uyah
mriyang cabé, puyang, kunir, asém, Jaé
mbobot (hamil tua) lan ngilangaké rasa pegel-pegel ning awak cabé, puyang, beras, kunir, gula abang

Bahan-bahané jamu cabé puyang
Bahan utama saka jamu cabé puyang yaiku cabé jamu lan puyang. ditambah karo bahan liyan, kayata temu ireng, temulawak, jaé, kudu, adas pulosari, kunir, mrica, kedhawung, keningar, asem, lan kunci. Kanggo pemanis, bisa ditambahi gula abang utawa gula pasir. Bahan pelengkap liyan, bisa ditambahi uyah.

Cara Gawe Jamu Cabé Puyang
carané anggawe jamu cabé puyang
ingkang kapisan, godok banyu karo bahan-bahane tekan umeb
Bahan kang wis digodog mau ditumbuk kasar nganggo lumpang karo alu wesi atawa watu.

Jamu Cabe Puyang
Jamu cabe puyang dikatakan oleh sebagian besar penjual jamu sebagai jamu 'pegal linu'. Artinya, untuk menghilangkan cikalen, pegal, dan linu-linu di tubuh, terutama pegal-pegal di pinggang. Namun, ada pula yang mengatakan untuk menghilangkan dan menghindarkan kesemutan, menghilangkan keluhan badan panas dingin atau demam. Seorang penjual mengatakan minuman ini baik diminum oleh ibu yang sedang hamil tua.

Bahan dasar jamu cabe puyang adalah cabe jamu dan puyang. Tambahan bahan baku lain dalam jamu cabe puyang sangat bervariasi, baik jenis maupun jumlahnya. Bahan lain yang ditambahkan antara lain temu ireng, temulawak, jahe, kudu, adas, pulosari, kunir, merica, kedawung, keningar, buah asam, dan kunci. Sebagai pemanis digunakan gula merah dicampur gula putih dan kadangkala mereka juga mencampurkan gula buatan serta dibubuhkan sedikit garam.

Cara pengolahan pada umumnya tidak jauh berbeda, yaitu pertama-tama air direbus sampai mendidih dan dibiarkan sehingga dingin, jumlahnya sesuai dengan kebutuhan. Bahan-bahan sesuai dengan komposisi racikan ditumbuk menggunakan lumpang dan alu besi atau batu. Seluruh bahan ini kemudian diperas melalui saringan ke dalam air matang yang sudah tersedia. Selanjutnya, ramuan yang diperoleh diaduk rata kemudian dimasukkan ke dalam botol-botol.





>>> Daftar Jamu Godog Kendhil Kencana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar